Sabtu, 01 Februari 2014

Ayo ngewingkis lengen kelambi dienggo Boso Osing




Boso Osing, ibaraté layangan arep campleng,  tetep wani bèndhètan masiyo tah wis bolaké nganggo bolak jahité emak, dikerubut rong layangan musuhé hang siji nganggo bolak cap Gajah lan sijiné bolak cap Kudaterbang. Loro-loroné podho-podho bolak anyar lan wis digelas pisan. Bolak cap Gajah iku ibaraté boso Indonesia lan bolak Kudaterbang iku ibaraté boso Jowo. Arepa dikelusur, ngedheta sekétané, ya mohal arep bisa menang. Dadi koyo kari ngantèni rantasé bolak, terus ndileng pedhoté layangan, hang wis diantèni ambi sangkrah ring pucuk ganjur. Kadhung using, yo paling ilang keterak angin temebluk ring segoro, sèsèhan hing oco pecaké.
   Yo dilengen bain ring Banyuwangi dhèwèk, laré-laré cilik, wis akèh nganggo boso Indonesia, hang keluargané teka kulon, ya boso Jowo kulonan. Malah saiki tambah maning ono hang ngulinakaken anaké boso Inggris. Mula soyo suwi Boso Using soyo kesundhung, hing pati ono regané.  Hing ono roso mongkog nganggo boso Osing. Kahanan gedigi mulo jaré wong pinter wis dadi pastiné boso-boso cilik, hang dienggo wong-wong hang jumlahé hing sampèk sak yuto. Soyo suwi soyo dipèpèt ambi boso hang lebih gedhi, lebih dominan. Diserep nyungsep suwi-suwi kingslep, nono pecaké. Musuhé, teko njobo lan jero.
   Mulo bener, boso Osing kan wis dadi muatan lokal ring sekolah-sekolah. Taping dilengen, ono tah buku-buku, majalah, novel, cerita cendhek, koran, jurnal penelitian hang nganggo boso Using? Temenan tah, boso Using wis dadi suwijiné boso? Gok koso hing ono pecaké? Mung dadi pelajaran ring sekolahan thok, sing cukup. Magih akèh kedhokan basa Using hang kudu dirijigi suketé, kudu disingkal lan diteter.
    Mulo bener wis ono kamusé, mulo bener wis ono aturan totobosoné. Liyané buku pelajaran sekolah, buku dongèng, unèn-unèn, hang akèhé hing sampik sepuluh beloko, hing ono maning. Mulo boso, hing katon penting, naming boso Osing dadi identitas budoyo. Dadi sengkeré adat Osing pisan. Dhung bosoné wis melebu panglahan, adat Osing kari ngitung dinané pisan.
  Jare bengèn ono aliran sastra Sri Tanjung, yo iku bengèn, jaman kolo semono. Sak marèké boso Osing dadi pelajaran ring sekolah tahun 1990an, sastra Osing malah balik maning kesuwur ring sastra lisan. Hang akèh diuri-uri budoyo lisan. Koyoto ndongèng lan lomba celathu. Hing ono hang salah mulo.
   Masiyo gedhigu, isun ngucap syukur ring Gusti Pengèran, sastra ring gendhing-gendhing sansoyo akèh macemé lan didhemeni wong-wongé. Masiyo akèh hang isiné tambah sing kakaruan. Naming endi, sastra tulisé? Lontar Yusup, cerita Sri Tanjung hang magih ditulis hurup Arab pègon, magih jejeg sing ono liyo kejobo ditulis. Jaré unèn-unèn Yunani, paran hang ditulis urip sak lawasé, hang diomongaken ilang diterak angin (Scripta Manent, Verba Volant).
   Ono maning istilah basa Inggris: Libraries on fire perpustakaan hang kobongan. Isun rodo getem-getem saktemené ndileng kahanan hang rodo nggawé ati kelayung-layung. Iki mulo hing mung kedadèn ring wong Using beloko. Ring endi-endi panggonan liyo yo akèh hang gedigi kahanané. Wong-wong tuwèk hang diibarataken buku-buku, panggoné lalaré enom ngangsu kaweruh, panggon pitakon, umuré akèh hang wis lingsir. Koyoto Pak Andang CY, Pak Hasnan Singodimayan, Pak Haji Tejo, Pak Mitrok, Pak H. Slamet, Pak Sjawal, Pak Armaya, Pak Mas Kakang Soeroso, Mbok Uun lan liyo-liyane kang hing biso kesebut siji-siji. Wong-wong tuwèk iki mestiné, kerep dikudang, diwani panggonan nguntabaken kaweruhané, njelèntrèhaken ilmuné hang sugih kanggoné budoyo, adat, sastra, boso lan liya-liyané. Direkam video, ditulis ring buku. Hang enom-enom kerep nekani, pitakon-wangsulan dinggo njugèri ilmuné. Kadhung osing, ilmuné, liya dino biso muspro, hing ditinggalaken dienggo anak putu mbisuk. Kari éman-éman.
   Tapi mulo, dienggo istilah boso Osing, tah boso Blambangan, dulur-dulur dhèwèk durung nduwèni suara siji. Magih bengkerengan. Arep nulis boso Using, basa Osing, boso Oseng magih celathuan.
   Hang sing dhemen ring kahanan, istilah, toto coro nulis boso Osing hang saiki, mung bisané berak-berak, nyacat.
   Kang sun karepaken lalaré enom, makené hing kenèng tulah lan dipangluh ring dino mburi, ojo milu-milu bengkerengan. Ayuk, gandhèngan siji lan liyané, musuh hang diadhepi ono ring njobo hang nganggo bolak cap Gajah ambi bolak cap Kudaterbang. Duduk dulur dhèwèk. Boso Osing agul-agulen, hun percoyo biso tambah sagah kadhung riko kabèh podho dadi siji sak tingkes.
   Lan isun yo ndileng ono kahanan hang rodo kurang nambahi jejegé boso Osing. Byèk amité bain, rodo aclak iki. Wong Using paceké maido nyang kancané. Ono hang ngibarataken, Banyuwangi koyo kolam cilik, dadi iwaké podho kemeruwel rebutan paran hang dipangan kancané. Ono hang nggawé paran, dièlèk-èlèk. Ono hang nulis paran, dipaido. Jaré isun kudu diuripaken budoyo nggawé, nulis hang lebih apik. Ono kancané nggawé kamus. Hing kathik maido, kadhung hing setuju, nggawéyo kamus hang lebih apik. Paling using yo nggawé revisiné dienggo tambahan. Ono kancané nggawé undhoroso apik, nggawéyo hang lebih apik. Ono gendhing kang sing énak ring kuping, nggawéyo hang lebih indhul. Masiyo soal gendhing iki, isun yo setuju ono erimé. Nung paran? Nung uwong-uwongé. Kadhung hing dhemen, ojo dituku. Suwi-suwi yoro industriné matèk dhèwèk marèk iku.
   Tapi kadhung wis ono hang diarani “kesepakatan”, yo kuduné dihurmati, dijogo bareng-bareng.
   Boso iki wis ono aturan totobosoné, wis ono kamusé, wis diajaraken nung sekolahan. Hébat wis. Kari nambahi maning paran hang biso nggawé boso Osing tambah moncèr.
  Hing kathik kakèhan abab. Ayo bareng-bareng wayahé ngewingkis lengen kelambi.

iwandear@gmail.com

1 komentar: