Jumat, 24 Januari 2014

Festival Paran Hang Kurang ring Harjaba

Festival Paran Hang Kurang ring Harjaba?

Sak marèké iwuh Harjaba sore, prasanisun magih ono perayaan hang kelalèn durung mlebu ring daptar acara hang dawané pirang-pirang ulan mulai September sampik Desember.
   Paran yuh? Banyuwangi Ethno Carnival hang niru-niru Jember Fashion Carnaval wis, Festival Kuwung hang nduduhaken kesugihan budoyo Blambangan wis, hang modern fusion Festival Jazz Pantai wis, hang pamèr èndahé alam Blambangan teko elor Galekan sampik ngidul ring Kalibaru, teko wetan Taman Blambangan sampai munggah Gunung Ijen Lomba balap sepeda Tour de Ijen wis, hang nduduhaken agul-agulé Banyuwangi Paju Gandrung Sewu yo uwis pisan.
   Tapi koyoné magih ono hang ganjel durung kelaksan. Paran hang lalaré cilik Banyuwangi sing ketinggalan menganan, lan digowo dadi sampik nyang tuwèké? Ya bener, layangan. Layangan wis mulo dadi salah siji menganan hang hing patiyo ndileng umur, teka cilik sampik daplok demen menganan iki. Emak bengen paceké nyacat anaké hang layangan hing enget wektu, bedhug-bedhug panas kenthang-kenthang, dibelan-belani bèndhètan, taker matané abang gorokané asat, bangsat.
   Seru enaké, lali sak kabèhané. Kadhung pas hing duwé layangan, hing duwé picis dienggo tuku layangan, kari nggowo ganjur hang pucuké diendohi sangkrah carang wit-witan. Nguber-nguber layangan pedhot ring gang-gang, matané hing dileng ngarepan, hang ono ring matané mung layangan pedhot kampul-kampul ring awang-awang.
   Banyuwangi mulo duwé istilah-istilah dhèwèk bab layangan iki. Ono nggelas bolak, bolak cap gajah, bolak cap kudaterbang, kelusuran, kedhetan, tarikan, nyarapi istilah  hang nduduhaken layangan siji manas-manasi musuhé njaluk bèndhètan, campleng.
   Durung maning ono aran-aran gambar ring kertasé layangan mau: kop-kopan, sawi-sawian, palang, cunduk, penthol (bendéra Jepang) lan liyo liyane.
   Sak entèké usum layangan aduan, biasaé langsung njumbul usum layangan hias. Awang-awang katon koyo kanvas lukisan werna-werni koyo keluwung hang njumbul marèké udan. 
   Ono ulo-uloan, iwak-iwakan, payung-payungan, tong-tongan, kemantènan, suwangan. Bengèn ono ruwahé Kang Dek, wong Lateng hang pènter seru nggawé layangan hias, rupo Gatotkoco nganggo selendang, sepida montor, kapal terbang. Pokoké sasaté paran bain hang katon, biso diulukaken ring awang-awang.
   Naah, kesenengan cilik sampik gedhé iki, yo biso dadi festival hang bisa nekaken wong liyan marani Banyuwangi. Lan sekaliyan nduduhaken kesugihan hang diduwèni Banyuwangi bab layangan.
   Istilah boso liyané: We are from Blambangan, we play Layangan. Digu nawi.
   Festival digi iki yo biso dianakaken tingkat internasional. Pirang taun kepungkur, ring Pantai Pangandaran Jawa Barat, tau dianakaken festival layangan, peserta hang milu biso sampik 40 hang teko luar negeri: Australia, Austria, Amerika Serikat,Brunei Darussalam, Jepang, Inggris, Malaysia, New Zealand. Durung hang teko Bali, Bandung lan Jakarta.
   Hang jelas, Festival Layangan, biso nggawé girangé atin warga Banyuwangi kelawan kesenengan hang wis ono mulai cilik bengèn. Lan hang sampik saiki magih dilakoni.
   Koyoné, dhung itungan picis magih lebih murah timbang festival liyané, lan kadhung dianakaken ring Taman Blambangan tah ring pesisir, biso nggawé girangé wargané, hing patiyo ekslusif hang terus mbatesi kalangan hang teko.
   Ayo roh wih, Festival Layangan Banyuwangi ring Harjaba taun iki. Setuju?

Macem-macem layangan hias Banyuwangi
(dijuwut teko buku Nawi BKL Inah)


iwandear@gmail.com

3 komentar:

  1. bengen tahu ring Bandara Blimbingsari sakdurunge bandara di lonching. Festival Tingkat Internasional. sayang isun sing kober nonton Kang...

    BalasHapus