Kamis, 13 Februari 2014

Kapal Muluk lan Lare Banyuwangi

Koyo lare cilik liyane ring Banyuwangi jaman tahun 1970-80an, aran kapal muluk,  kanggone isun yo paran hang mung ono nung awang-awang. Cilik meh hing katon paran-paran. Kadhang mung welek picake melakune bain hang katon, nyelirit putih ring langit biru.
   Pas isun magih cilik seru, mangan didulang nung njobo umah, saben arep didulang, diapusi, sendok arep melebu cangkem jare hang ndulang: “Kapal muluke arep melebu guo…ngengggg.”
   “Aemmm…” sego sak sendokan melebu cangkemisun.
   Saben ono suarane kapal muluk, lalare cilik, agagih mbelayu metu umah, tangane nadhong ambi mberak: ”Kapaaaaal, enjuk picise.” Hing weruh, hang rungu mung tanggane.
   Ojo maning bisa nunggang kapal muluk, weruh rupane bain yo sing tau. Jaman bengen, durung ono aran penerbangan murah koyo saiki, Banyuwangi durung ono bandara. Nyango Suroboyo bain, panggonan hang ono kapal muluke, yo hing bisa ndileng kadung sing marek nyang bandarane.
   Bengen jaman isun magih smp ring kawitane tahun 1980-an, tahu ono kapal muluk supersonic hang kawitan bisa ngeliwati alangan suoro. Kapale modele koyo manuk arep nyucuk digu. Dadi koyone pas nyang ndhuwure Banyuwangi, koyo ngebom suarane mergo melaku teko kecepatan normal, terus ngeliwati alangan suoro, buuum. Kapal muluke arane Concorde, taping mulai tahun 2003, pelayanan nggawe kapal iki wis diendhegaken. Dadi wis sing ono maning. Bengen saking akase, Concorde iki miber teko Inggris nyang Amerika mung telung jam-an, alae biasane kapal liyane biso 7-8 jam. Iku hun weruhe moco nang koran silihan ring perpustakaan daerah elore Masjid Jamik Baiturrahman.    
   Ambi aclak iko, hun jelentrehaken nung konco-konco memengan. Byek, rasane mongkog wis koyo dadi pilot iko. Lalare liyane ngomplong ngerungokaken ceritanisun. Masiyo ono pisan hang nyaut: ”Aclak, koyo weruh-weruho. Wong nunggang kapal muluk biasa bain hing tahu.”
   Biasa. Wong Banyuwangi, kadhung arep ngalem bain kudu nyacat sulung. Lan hing ono ujar ucap ngalem ring boso Using. Kadhung ujar nyacat kancane seru akehe. Endane iku hang nggarai wong Banyuwangi katone koyo bengkerengan bain? Embuh yo.
   Yo mulo isun durung tau nunggang. Tapi, isun seru kepingine. Paran maning aranisun iki ”Antariksawan” dadi saktemene apakisun bengen yo nawi tahu angen-angen anake kepingin dadi pilot pisan.
   Lalare sekolah SD, SMP pas marek lulusan bengen, paceke oper-operan buku alamat, hang isine ono: aran, alamat, hobi, cita-cita, kata-kata mutiara paran iku. Nah, pas cita-cita iki, akeh konco-konconisun hang nulis dokter, insinyur, tapi akeh pisan hang nulis pilot. Pantese kabeh wis ngilur arep nunggang kapal muluk.
   Jaman semono, kadhung menyang Surabaya mung bisa nunggang sepur lan bis. Kadhung bis ono hang mangkat raino, mampir-mampir ring saben terminal hang diliwati lan ono bis malam. Aran bis malam iki, hing kathik mampir-mampir nung terminal. Berangkat jam 9 bengi, gadug Suroboyo biso jam 6-7 isuk. Mampir sedilut nung Pasir Putih disuguhi mangan. Masiyo mung sego soto, tapi kanggone isun lare cilik, wuindule masakalah wis. Ono hang aran bis Alugoro, bis Jawa Indah, bis Indonesia Indah lan liyo-liyane. Bis Alugoro, klaksone paling aneh, munine auuuuuoooooo auuuuuuooooo koyo Tarzan hang gelantungan ring oyot wit-witan.
   Bis-bis malam iki podho jor-joran apik-apikan. Malah liyane sopir lan kernet, ono hang arane pramugari, niru pramugari kapal muluk. Tugase yo ngeladeni penumpang, mbagi jajan sak durunge bis mangkat, lan ngabrak-ngabraki penumpang mudhun dhung arep mangan. Wonge uayu-ayu, nganggo seragam lan topi koyo pramugari udara temenan. Topine koyo kethu cemeng hang dienggo sembayang tapi rodo endhep, semampir ring ndhuwur rambute, ono selirite nung pinggire, sak werno ambi kelambine. Terus makene kethune hing cicir, dijepiti jepit cemeng iko.
   Masiyo apik lan ono pramugarine, bis-bis malam iki bengen durung ono AC-ne. Dadi ring dalan, koco-koco yo rodo dibukak sithik makene hing kelepeken. Kenalpote ojo takon riko, semembur muleng-muleng. Cemeng belenges. Paran maning pas munggah ring alas-alasan parek Paiton, koyone mesine meh-meh hing gadhug. Hang aran welek koyo bakaran satene ring Warung Sate Biskalan. Semebrung. Dadi pas wis gadug panggonan, bapak paceke ngelodok bacot anak-anake, nono wis, gumbal hang dienggo ngelodok cemeng-cemeng kabeh wernane. Jaman semono, bapak hing patiyo demen nunggang sepur, polae anake akeh lan stasiune nung Suroboyo adoh ambi umahe embah. Hang gampang yo, nunggang bis, mudun terminal Joyoboyo kidule drenten Kebon Binatang, terus nunggang becak nung Bratang Gede.
   Kekarepan kepingin nunggang kapal muluk iki yo ditambahi kekarepan ngambah donya liyo, hang akeh hun bayangaken pas moco novel-novele pengarang Jerman arane Karl May jaman isun SMA. Hang cerita Negeri Balkan, wong-wong Indian ring Amerika, perjalanan haji lan liya-liyane. Endane wong jaman semono durung ono kapal muluk bain yane wis cerita nung endi-endi. Eh, cumpu Karl May mau hing tau menyang Amerika. Ceritane iku mung gubab. Tapi atinisun wis sing keneng diapusi. Kepingin nunggang kapal muluk nyang negarane uwong liyo, ngambah dunyo.
   Pas wis kuliah ring Bali, kekarepan nunggang kapal muluk yo magih dadi angen-angen bain. Arane anake pensiunan, terus emak mung dodol sega pecel ambi rawonan, dadi yo sing bisa pati duwe kesempatan nunggang kapal muluk. Arep nung endi? Picise sopo? Kadhung duwe picis yo bangur dienggo jogo-jogo bayar picis kos-kosan hang ngaboti apak saben tahun?
   Bengen jaman kuliahan, tau meh duwe kesempatan nunggang kapal muluk. Isun tahu nduwe Tourist Information Center. Duduk ane Pemerintah. Polae isun ambi lare loro konco kuliah, nganakaken kursus Bahasa Inggris. Kebeneran panggonan kursuse ring pinggir dalan gedhi ring Singaraja hang akeh diliwati turis-turis hang arep melaku nung panggonan wisata Pantai Lovina. Dadi kadhang ono turis hang mampir takon-takon, ambi ngajak ngobrol lalare hang kursus bahasa Inggris nung panggonanisun. Dadi turise dhemen, murid-murid kursusisun ya dhemen pisan, ono kesempatan ngajak ngobrol wong liyan.
   Kerono duwe Tourist Information iki, isun tau diundang ambi Menteri Pemuda dan Olahraga, dienggo pelatihan bab Youth Hostel ring Indonesia. Jaman semono diwani picis ambi bupati Singaraja hang cukup dienggo nunggang kapal muluk. Tapi mulihe biso ngesot, lan ring Jakarta biso mbambung hing duwe picis. Dadi yo wurung, tetep picis mau hun tukokaken karcis bis, masiyo melaku nung dalane meh sedino sewengi, bokong panas kelepesan. Miring nengen salah, miring ngiwo salah. Sukake wis, pokoke bisa gadhug Jakarta.
   Terus ring kos-kosan, ono konco sak kos-an hang dadi dosen enom ring kampus. Pas yane duwe tugas nung Jakarta, yane nunggang kapal muluk. Pas mulihe, metu kenyabe, yane sengojo cerito bab kapal muluk.”Teko ndhuwur, umah-umah katon gedine sak kotake korek jres lek,” jare nganggo boso Indonesia. Nagud boro wis. Nggarai atinisun gemulak.
   Tapi isun sing leren-leren ndungo nyang Hang Kuasa mugo-mugo bisa nunggang kapal muluk. Kadhung wis, nak hun bales ceritane, batinisun.
   Serta wis lulus, isun olih penggawean nung Jakarta, megawe dadi wartawan ring Majalah Berita Bergambar Jakarta Jakarta. Ceritane konco-konco nung Jakarta iki koyone kabeh wis tahu nunggang kapal muluk. Ojo maning hang aran Bali, Sulawesi, tah Irian Jaya. Hang nung luar negeri bain akeh. Hang durung tau blas yo ono pisan. Isun salah sijine. Koyone kadhung wis nung Jakarta, panggonan sak Indonesia, malah dadi parek kabeh, polae bisa diparani ambi kapal muluk.
   Sewijine dino, isun olih penugasan ngeliput konferensi pers Maskapai Penerbangan Belanda KLM. Isun mbatin, mugo-mugo ulihe karcis gratis nung Londo. Makene isun bisa nunggang kapal muluk, terus nak hun ceritani konco sak kos-an hang wis tahu nunggang kapal muluk nang Jakarta.
   Temenan, isun olih karcis gratis, tapi mung sampek ring Singapur, kerono KLM mandeg sedelo nung kono. Yo, wis hing paran-paran. Jaman semono ono aturan ring kantorisun, kabeh hadiah teko wong liyo, kudu dilaporaken lan diwakaken nung kantor. Semono ugo isun. Ulihe karcis mau hun laporaken.
   Dheg, ati rodo byangkel, kerono karcis mau dijuwut, lan arep dienggo kapan-kapan kadhung kantor ono keperluan nyang Singapur. Mateng isun wis.
   Cumpu hing suwi, isun olih tugas ngeliput turis Prancis hang ilang nang Ambon. Byek poco wis nunggang kapal muluk. Bengi sedurunge mangkat, koyo hing bisa turu, temenan tah using bisa nunggang kapal muluk. Prasanisun koyo isun cilik bengen pas preian arep dijak nyang Surabaya nunggang bis malam. Moto hing biso dieremaken. Mangkat isuk, nunggang taksi, hang aran ati hing biso diapusi. Magih dheg-dhegan. Terus gadhug bandara Sukarno Hatta, rasane isun kari kepingin ngewarahi wong-wong hang nung kono, kek isun nunggang kapal muluk. Alae kabeh wong hang nung kono yo arep nunggang kapal muluk pisan. Yoro uwis entek-entekan ndesanine isun yo. Gadug Makassar (sabene arane Ujung Pandang) rodo bedhug, nganteni pirang jam digu, terus mangkat maning nyang Ambon. Untunge sing mabuk. Kadhung using yo kari ngisin-ngisini.
   Sak mulihe teka Ambon, isun siap-siap arep cerita, tapi hing gadug-gadug. Ketungkul penggawean sampik dadi nang laline.
   Mulo kadhung rejeki yo sing adoh-adoh. Karcis gratisan teko KLM mau diwakaken ring salah siji redakturisun, dienggo ngeliput sidange Pertamina ngelawan rabine bekas pegawe Pertamina almarhum H. Thahir, Kartika, hang manggon ring Swiss, pekoro picis jumlahe 153 milyar (hang saiki nawi podho ambi picis trilyunan, mergane rego bengsin magih ngingsore 1000 rupiah jaman semono).
   Cumpu, redakturisun paspore entek wektune. Pungkasane jatah karcis mauko, diwakaken maning nyang isun.
   Kerono karcis promosi, isun olih kursi paling ngarep. Dadi mejane hang biasane ono ring mburine kursi ngarepe dhewek, hing ono, cumpu disengidakaken ring panggonan ndeleh tangan tengen. Gupuh, rodo koyo kepilis iko, bingung nggoleti nung endi mejane arep dienggo mangan, arane wong hing tau nunggang kapal muluk. Untunge direwangi ambi pramugarine.
  Taping yo wis syukur hing entek-entek, Alhamdulillah. Dadi poco menyang negarane wong liyo. Mulai ndileng donyo. Cumpu mibere suwian nyang Ambon timbang Singapur, nagud boro wis.
   Serta pindah megawe ring stasiun tv, isun dideleh ring bagian tuku program liyan (asing). Nono wis, hang aran miber adoh 16 jam nyang Eropa, lebih 24 jam nyang Amerika wis keturutan. Paran maning hang parek-parek ring Asia koyo Hongkong, Korea, Malaysia, Singapur, Shanghai, Thailand paran iku wis hing keneng diitung.
   Masiyo gedigu, tahun 2010 sabene isun olih pengalaman miber anyar maning. Pas iku isun ambi Sofyan lare Kampung Melayu diundang ndileng pertandingan Emirate Cup ring stadion markase klub Inggris Arsenal Emirate London. 
                                          Bar ring buntute pesawat Emirate A380

Diwani karcis kelas bisnis, teko Dubai nyang London kapal muluke ganti Airbus 380 hang duwe panggung. Ring ngingsor kelas ekonomi, ring duwur kelas bisnis ambi first class. Byek, metu maning, desanisun. Kursine koyo cockpite pembalap F1, ring tengenisun ono kulkase, kurang mangan kari mberak. Ono panggonan nyengidakaken sepatu dung arep turu. Ring buntute kapal, ono bar hang penumpang bisa njaluk ngombe sak enake, njaluk mangan sak anane. Njerone kapal kari koyo ring restoran temenan iko.
   Nono wis motrek sak entek-enteke. Arane lare deso. Kesuwunisun nyang Pengeran hing entek-entek.
   Saiki Banyuwangi hebat, duwe sekolah penerbangan dhewek. Wis duwe bandara. Arep menyang nunggang kapal muluk gampang. Nung Suroboyo hing kathik golet bis malam hang weleke kemeruwel. Mugo-mugo akeh lalare Banyuwangi hang duwe cita-cita duwur, dadi pilot hang biso nggowo aran Banyuwangi tambah arum.
   Gesahan iki hun tutup ambi cerita sak benere bab wong Banyuwangi ambi kapal muluk.
  Ono wong kampung Maduran Rogojampi arane Pak Soeyoedono, jaman tahun 1980an yane iki wis dadi pilote Garuda. Heibat wis. Terus yane tau ditugasaken ngangkut jemaah haji.
   Pas ring penerbangane yane, ono penumpang kancane yane sak kampung, sun umpamakaken bain arane Wak Dorik. Terus, sedurunge berangkat, penumpang magih toto-toto, ono pramugari mareki Wak Dorik.
  Pramugari: ”Pak, Bapak Pak Dorik?”
  Wak Dorik: ”Iya.”
  Pramugari: ”Bapak dipanggil ke depan sama Kep.”

Pramugari lan awak pesawat, kabeh nyeluk pilote Kep, singkatan teko Kapten, kadhung basa Inggris macane Kepten, digu yoro.
  Wak Dorik, rada setengah keweden. Ono paran endane yane kathik diceluk mengarep nung panggone hang nyetir kapal muluk.

  Wak Dorik: ”Nggak mau saya Bu. Saya tidak tau Kep-nya itu.”
  Pramugari: ”Pokoknya, Kep bilang Bapak disuruh ke depan.”
  Wak Dorik: ”Nggak mau Bu. Saya ndak salah apa-apa.”
  Pramugari: “Saya nggak tahu pak, pokoknya Kep menyuruh saya begitu.”

Akhire Wak Dorik nurut pramugarine. Ambi dheg-dhegan yane melaku njujug nung cockpit kapal. Serto  weruh hang nyeluk kancane dhewek, Pak Dorik, mberak:
   “Nagud. Dadi riko hang diceluk Kap Kep Kap Kep iku. Kepet kai.”
  
(iwandear@gmail.com)


Tidak ada komentar:

Posting Komentar