Jumat, 14 Februari 2014

Guru Latihan Nulis Boso Osing, Njogo Gandrung Moncer Maning


Engkisuk, Sabtu tanggal 15 Februari, ring SD Model Sobo, arep dianakaken pelatihan nulis dongeng lan cerito cendhek dienggo guru-guru pengajar Boso Osing sak kabupaten Banyuwangi.
  Saben kecamatan liwat UPTD (Unit Pelaksana Teknis Daerah) olih ngirimaken papat utusan. Ring Kabupaten Banyuwangi ono 24 kecamatan. Kadhung sak UPTD akhire mung biso ngirim 3 utusan, totale ono 72 uwong.
  Pelatihan iki saktemene, yo duduk hang kawitan. Sedurunge, isun yo tau nganakaken tanggal 7 Desember 2013, ring Universitas 17 Agustus (UNTAG). Kolo semono, instrukture ono Ibu Oktavia Vidiyanti (teko Balai Bahasa Jawa Timur) bab cerito cendhek, lan Pak Hasan Basri (guru SMPN 1 Banyuwangi) bab boso Osinge.
   Cumo bedane hang ring UNTAG dienggo umum, sopo bain biso teko, hang saiki dienggo guru-guru Boso Osing.
   Kang sun karepaken, mugo-mugo guru-guru hang teko kesuk, nduweni angen-angen hang podo ambi isun. Pelatihan iki mung wadhah latihan. Ring pethitane, ono impen hang lebih gedhi, yoiku nguri-uri boso Osing. Mugo-mugo hang teko, biso temenanan manpaataken wektune dienggo ngangsu kaweruh bab nulis, khususe dongeng lan cerito cendhek. Hing mergo ngejer sertifikat hang wis ditandatangani PLT Dinas Pendidikan Drs. Dwi Yanto, lan biso dadi ongko kredit kenaikan pangkat beloko.
   Panggonane guru-guru iki seru pentinge. Ibarate perang, guru-guru iki komendan lapangan hang berak-berak ngewani tondo, kapan nyerang, kapan mundur. Ring tangane guru-guru iki, akeh murid-murid sekolah hang dadi arepane wong kabeh dienggo mbangun kekuatane boso Osing mbisuk, makene tambah sagah. Lan guru-guru iki mau biso dadi sengkere kemajuan boso Osing.
   Kadhung wis hing ono pelajaran boso Osing ring sekolahan, ilange boso Osing ring dunyo iki tambah akas dalane. Ilange boso Osing, hang diantem yo budoyone pisan. Kelendi arep nguri-uri Seblang, kelendi arep nguri-uri Gandrung kadhung bosone wis hing ono. Ngarteni Gandrung, kudu ngarteni paran syair-syaire.
   Njagani makene boso Osing biso terus lestari iki, biso diwujudaken ring macem-macem kegiatan.
   Contone, diakehi buku-buku, sastra, seni, majalah, laporan, koran hang terbit nganggo boso Osing. Gunane, enggone lalare sekolah, buku-buku lan wacanan liyane iki biso dadi tambahan wacanan. Paran teori hang diajaraken ring sekolahan, ditemoni prakteke ring buku-buku iki. Sastra Osing makene tambah merujuk gedhi.
   Sak liyane olih pelatihan, guru-guru iki mau diarepaken nulis dhewek dongeng utowo cerito cendhek hang sak mareke arep didadekaken buku. Bukune engko disebar nyang sekolah-sekolah.
   Ilmu hang wis dingarteni teko pelatihan iki, diarepakan hing mandheg nung gurune. Guru biso nulari muride carane nggawe dongeng hang apik, nulis cerito cendhek hang enak.
   Liyo dino, murid-muride iki biso pisan milu nulis cerito cendhek, tah dongeng, lan kadhung akeh hang apik, isun yo gelem nerbitaken karya-karya lalare SD Banyuwangi dadi buku. Makene lalare tambah giras, tambah koyo dipecut, milu nggedhekaken hang aran boso Osing.
   Pelatihan kesuk iku, instrukture ono Kang MH Qowim, redaktur Radar Banyuwangi, sarjana sastra lulusan Universitas Udayana, ngurusi bab cerito cendhek, ono Kang Ju teko KKG Kelompok Kerja Guru Singojuruh, ono Kang Hasan Basri hang ngurusi bab dongeng, lan Mbok Hani Z. Noor hang repot dadi seksi kerepotan, ngurusi sembarang kalire. Kegiatan pelatihan iki yo dibantu ambi wong-wong teko Dinas Pendidikan.
  Saktemene, pelatihan koyo gedigi tapi dienggo wong umum yo ono pisan hang kepingin maning dianakaken. Dadi yo antenono bain liyo dino.


(iwandear@gmail.com)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar