Senin, 24 Februari 2014

Haji Tejok, maestro angklung



Senin,  24 Februari 2014. Isuk-isuk magih goleran ring pelonco, moro-moro olih kabar teko pelukis Kang S Yadi K, “Telah meninggal dunia H. Sutejo Hadi Hanafi” Sawahan Pengantigan, dimakamakan pk 8.30.
Atinisun kemesar. Tambah kobong siji buku kaweruhan bab ilmu gending lan angklung Banyuwangi. Isun saktemene hing patiyo kenal seru nyang Pak Tejo, biasane wong-wong nyeluk yane Haji Tejok.  Ring acara rame-rame, hun dikenalaken ambi Wak Hasnan Singodimayan, pas ndileng janger nung acara Malam Mingguan ring Gesora Taman Blambangan awal 2013. Terus ketemu maning ring acara-acara liyo sak kelebatan.
                                          Alm Haji Tejok diwawancara MC Janger

Pas lebaran 2013 sore, diateraken ambi anake Wak Hasnan, Bonang Prasunan, isun merdayoh nung umahe ring kampung Sawahan Pengantigan. Umahe rodo melebu sithik ring gang, parek masjid Al Amin Sawahan Pengantigan. Ambi disuguhi jajan lebaran, gerunggung lan jajan liyane, Haji Tejok ngomongaken nduwe kerenteg arep nulis buku bab angklung Banyuwangi. Wis hun sanggupi nak hun goletaken dalan nerbitaken.
“Iyo, juwuten naskahe ulan Desember kesuk yo. Saiki wis ono magih sithik, durung jangkep, magih dedegan nung endi-endi.” Ulan Desember, hun goleti hing kecaruk, wonge menyang daerah kidulan nyang umahe dulure.
Haji Tejok cerito kadung saktemene yane wis tahu “nulis” bab buku angklung iki tapi dinaskahe disilih wong liyo terus hing kakaruan juntrungane. 
Saking weruhe nyang aran angklung, jare Wak Hasnan, Haji Tejok iki rungu bain ono siji angklung hang rodo pecah, ring antarane ramene suoro angklung sak mono kehe.
Magih seger kapanane Haji Tejok, cerito yane mulai kenal angklung sakat magih cilik. Sampek gedi, milu grup angklung. Kadhung milu angklung caruk, mesti ono rapalane, utamane ngadhepi grup hang teko daerah kidul (yane nyebut aran rong deso).
“Ojo sampek munggah hing nganggo paran-paran. Mulai angklung hang ditabuh hing ono unine, sampai hang nabuh ngising getih. Kedadean mulo,” jare Haji Tejok. Malah ono grup-grup hang rodo getap, wani wurunge caruk timbang hing biso mulih.
Isun hing patiyo ngarti njobo njerone angklung, angklung caruk lan sapiturute. Mung hun catet, nung njero ati. Haji Tejok mulo wis duwe krenteg ngedunaken ilmune bab angklung dienggo anak putune lare Banyuwangi. Tapi saiki wis mujur ngalor. Ilang maning buku Banyuwangi. Buku arti sakbenere, buku angklung hang dijanjeni nyang isun, lan buku Banyuwangi hang kobong siji-siji ring rak buku keweruhan kesugihan budoyo Banyuwangi.
Riko nyulungi isun. Isun mung biso getun lan dungo, mugo-mugo khusnul khotimah, diparingiri padang kubure, disepuro dusan-dusane.
(iwandear@gmail.com)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar