Selasa, 30 September 2014

Resensi: Pereng Puthuk Giri


 
Judul: Pereng Puthuk Giri
Pengarang: Kang Ujik (H. Abdullah Fauzi)
Halaman: 74 + v
Penerbit: DKB 2005
 
Novel basa Using paran hang tau rika waca? Mesti akeh hang durung tau. Cumpu taun 2005, wis ana novel (kadhung isun ngarani novel cendhek, novelet, timbang novel hang akehe halamane hing gadug 100), nduweni judul Pereng Puthuk Giri, ditulis ambi budayawan Kang Ujik. Novel cendhek iki kayane novel hang kawitan hang ditulis ring nduwure tahun 1990-an, sakat basa Using melaku rada jejeg.
Sak jege Kongres Basa Jawa tahun 1996, kepala Kantor Wilayah Dep. Pendidikan dan Kebudayaan Jawa Timur kala semana, ngetokaken rekomendasi hang unine, basa Using bisa diwulangaken ring sekolah dadi basa Daerah. DPRD Banyuwangi pisan ngetokaken rekomendasi hang meh padha. Malah ring taun 1997, menteri Pendidikan dan Kebudayaan ngewani idin anggone pengajaran Bahasa Using (Bernard Arps, Terwujudnya Bahasa Using di Banyuwangi dan Peranan Media Elektronik di dalamnya, 2010).
Sampik taun 2013, novel cendheke Kang Ujik iku mung dadi siji-sijine novel cendhek basa Using hang ana. Endane hing ana novel utawa novel cendhek bab Banyuwangi liyane hang ditulis uwong Banyuwangi?
Ana! Kayata: Banyuwangi (Tirtaganda) hang dicetak kawitan tahun 1994, Berdirinya Kerajaan Macan Putih (1994), karo-karone ditulis ambi budayawan Abdul Kadir Zaelani Armaya (AK Armaya), utawa Kerudung Santet Gandrung (2003) ditulis budayawan Hasnan Singodimayan. Taping semana sing ana siji-sijia kang ditulis nganggo cara Using. Wak Hasnan mung ngewani rangsuman (Ind: pengantar) ring Pereng Puthuk Giri. Bengen ana majalah basa Using Seblang, taping wis mujur ngalor. Saiki mung kari majalah basa Using Lontar hang diterbitaken ambi Balai Bahasa Provinsi Jawa Timur, naming ya iku kaya lebaran. Diterbitaken setahun mung pindho.
Dadi ya sing maido kadhung basa Using, melakune tetak-tetak serendengan kaya lare cilik melaku hing ana cekelan. Uwong Banyuwangi dhewek kaya hing pati ngereken nyang umbak umbule basane dhewek.
Basa iku, makene merujuk seger kaya pari marek diemes, mestine ya diakehi hang aran majalah, koran, laporan, esai, novel, cerita cendhek, guritan, wangsalan, basanan, lan liya-liyane hang ditulis nganggo basa Using. Ya kaya hang wis dilakoni ambi Kang Ujik iku.
Paran maning Pereng Puthuk Giri iku basane seru kerasa Usinge.
Kayata: Para jebeng Payaman ketebang-tebang meruput isuk teka rupitan. Ana hang ngindhit kumbahan, ana hang nyuwun korah-korahan lan ana uga hang tayongan lembeyan kaya belarak sempleh.
Tuladha liyane: Uwong-uwong melabot pating seliweran. Ana hang nyuwun pengaron isi beras wangune arep mbebeg. Ana hang nyawur ambi poyokan nganggo wangsalan.
Sastra Usinge melebu pisan kelawan hang aran basanan: Ana lintang, paman, ya ana serngenge. Kupu cedhung layang-layangan. Ketang-ketang isun wis gadhug merene, paman, Kelendi maning wis kadhung semayanan.
Kang Ujik seru pentere, njelentrehaken kahanan, hing ana barang cilik hang keliwat teka cathetane: Rantag subuh, Man Dhau wis jaja renceg nong kutha. Bik Wuni pethik-pethik bayem ring latar umahe kanggo jangan dina iku. Utawa: Ganjur temiyung hang dipuket-puketi janur, temancep ring bucu dalan kampung...Abete janur iku wis dipasang sakat telungdina kepungkur. Mulane pucuk-pucuke ana hang emeh garing. Utawa hang iki: Sunare serngenge wis nguning kaya kates kemunir. Lare-lare cilik padha adus ceburan ring kedhung kidule puthuk. Para lancing adus ring sumber wakap elore puthuk. Dulur-dulur tani padha mulih nuntun sapi melebu kandhang.
Ring njero, ceritane seru Usinge. Ana uwong Using hang rada cendhek pikire, golet gampange, ngobong menyan nyeluk rewang ngantem kancane. Ambekana dalan iki hing anjrah dienggo saben uwong Using, taping kedadean digi iki nyatane ana hang nganggo. Malah, Banyuwangi ring njaba kesuwure ya kerana gedigenan.
Sun kawiti ngundang lelembut lan roh-roh hang seliweran ring Sumber Galing...Puthuk Giri, Alas Bakung, Gunung Silangu lan para lelembut hang ana ring sekabehane barongan jajang...Ayo...Ayo teka merene...kancanrika nyeluk..kancan rika nyeluk. Wis sun cawisaken kembang sekabehane kelir dhemenanira. Hayo tulungana jalma menusa...eterana...kirimena..”(hal. 38).
Akeh ujar-ucap hang seru Usinge, hang bisa dirasakaken lan bisa pisan dadi wewarah, bisa dienggo sinau lalare sekolah hang belajar basa Using.
Mula rada ana sithik, luput nulis lan luput nyetak, tapi sing patiya ngerusak hang arane ceritane. Mung, rasane isun hang maca kerasa ana hang nggantung cerita ring pungkasane. Kaya durung marek. Endane kurangen? Endane arep digawekaken terusane ambi hang nulis? Mung Kang Ujik hang bisa nyauri.
Sun karepaken, tambah akeh tulisan-tulisan digi, hang nambahi semebrung arume basa Using.
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar