Kamis, 18 September 2014



Samak ngarep, kumpulan cerita basa Using kanggo lare MARKAS KETELON hang arep disebaraken ring sekolah-sekolah SD negeri lan swasta sak Kabupaten Banyuwangi. Isine nyeritakaken pengalamane lare cilik SD kelas 5, Nawawi, Suroso ambi Ibrahim. Jak telon duwe umah cilik nung dhuwur uwit poh Gadung, hang diarani Markas Ketelon.
   Ana ceritane milu nang kebonan, mancing welut ulih uling, Sahabat pena, disunat Man Minok, disenget iwak Kepuh, Jangkrik sothang, Tembung banyu, Tembung geni, Layangan gandaruwo, Ndileng gandrung nung Cacalan, sampik melebu alas Baluran.
   Ana cerita sedih, medeni, setia kawan, lucu hang mung bisa dilakoni lare Banyuwangi.
   Buku cerita iki bisa kelaksan disebar gratis, kesuwun nung Ikawangi Jabodetabekgon lan uwong-uwong hang wis milu urunan.
   Direncanakaken, arep dibagi tanggal 21 November 2014.
   Oh iya, gambar ngarep lan ilustrasi njerone digarap apik ambi kang Taufik Saleh alias Majnun bin Bahlul aran facebooke.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar