Jumat, 10 Oktober 2014

Sinau Nulis Cerita Cendhek (1)


Seri Sinau Nulis Cerita Cendhek (1):

 

Hang disinauni: Apem Rolas Iji.
Naskah iki salah siji naskah hang dipilokaken nyang Lomba Nulis Cerita Cendhek Basa Using 2014.

(Naskah asli) Arip lare yatim piatu hang mung urip ambi mbahe, Mak Lela. Arip ambi Mak Lela, urip sak onone nang deso. Dino iki Arip ulang tahun. Adoh-adoh dino, Arip njaluk ditukokno apem rolas iji pas dino ulangtahune. Arip seru demene ambi apem gawenane Aji Hindun. Gawe mujudaken kepinginane Arip, Mak Lela ngitung picis simpenane gawe tuku apem.

         (Naskah edhit) Arip lare atim hang dirawati ambi embah adone, Mak Lela. Urip sak anane nung desa, keloron mung bisa nyukupi uripe kelawan rejeki sak anane. Arip ya nerima lan sing bisa akeh penjaluk nyang mbah adone. Kaya hang kedaden ring dina iki: dina kelairane Arip. Sakat adoh-adoh dina, Arip njaluk ditukokaken apem rolas iji tepak ambi itungane dina kelairane hang kaping rolas. Arip seru dhemene ambi apem gawenane Aji Hindun. Kanggo mujudaken kekarepane Arip, Mak Lela ngitung picis simpenane dienggo tuku apem.

 1.       Kalimah (lan paragraf) kawitan, seru pentinge dienggo ngawiti cerita hang apik. Kerana kalimah kawitan, bisa nggawa uwong hang maca tulisan dadi dhemen lan nerusaken macane. Ujar-ujar hang sing perlu, aja dibolan-baleni, kejaba dienggo negesaken.

a.       Dadi: Arip lare yatim piatu hang mung urip ambi mbahe, Mak Lela. Arip ambi Mak Lela urip sak onone nang deso. Ning kene, ana informasi hang padha, yaiku Arip, Mak Lela. Aperuwa hing didadekaken siji bain? Dilengen revisine ring Naskah edhit.

b.      Aja pati mbolan-baleni. Arip ambi Mak Lela bisa diuwah dadi ujar keloron utawa jak loron.

 
2.       Ati-ati ambi bahasa Indonesia utawa basa Jawa. Hang wis ana padhanane ring basa Using, ya nganggoa basa Using.

Ring paragraf ndhuwur iku, ring Naskah asli, ana:

a.       Yatim piatu (bahasa Indonesia). Ring kamus ana lola, lare hang sing duwe emak bapak lan urip dhewek. Taping biyasahe, ana ujar hang kerep jumbul ring omongan sedina-dina “atim” (ring kamus sing ana pisan).

b.      Ulang tahun (bahasa Indonesia). ring kamus sing ana, taping ana ungkapan hang rasane lebih using: dina kelairan.

c.       Ditukokena (kerasa Jawane). Mula wis bener, taping ujar iku magih ana kerasa basa Jawane. Acake gentenana ambi: ditukokaken, kan kerasa lebih usinge.

d.      Kepinginane. Kepingin = kepingin; ingin. Kekarepan. Karep = kehendak, keinginan, kemauan. Hang diwujudaken iku kekarepane, dudu kepinginane.

e.       Ana maning tuladha liyane: golet (basa Jawa: golek), empet (empek), juwut (jupuk), gerigis (gerimis), geridho (gudha), sore (wingi), kisuk (sesuk) lan liya-liyane.

 

3.       Nulisa hang spesifik, kadhung mak Lela iku ring basa Using ana sebutane yaiku mbah adon (teka mbah wadon. Kadhung mbah lanang: anang atau mbah anang). Taping nyebut adon bain uwong wis weruh. Kadhung mung mbah iku magih durung spesifik.

4.       Sak walike, aja ana informasi hang ilang. Aja sampik pembaca hing weruh karepe.

a. Marek nyeritakaken tokoh ceritane, mara-mara ana informasi: Dina iki Arip ulang tahun. Kadhung ngerayakaken dina kelairane apuwa? Oh, cumpu wong jak loron iku melarat, urip sedina-dinane bain sak anane. Dadi masiya pas dina kelairan, ya aja kakehan penjalukan. Dadi kudu diwani “sasak” sedurunge gadug nong informasi sak uwise.

b. Apuwa rolas? Ring naskah asline hing ana keterangan. Cumpu iku dina kelairane hang kaping rolas. Dadi kudune ana informasi maning hang nambahi makene pembacane hing gerayangan macane.   

5.       Ati-ati ambi ejaan. Dilengen ring kamus kelendi ejaane hang bener. Aja kathik bantah sulung wis, ejaan hang ring kamus Bahasa Daerah Using – Indonesia tulisane ruwahe Pak Hasan Ali iku hang wis diakoni lan diwulangaken ring sekolah-sekolah. Iku basa hang baku. Hang wis diakoni. Lan ejaan iku hang dienggo ring buku kumpulan cerita cendhek basa Using. Kadhung rika duwe penemu dhewek, ya tulisen kelendi kareprika, aju diusulaken nyang pemerintah, DPRD, DKB lan liya-liyane hang duwe otoritas bab basa Using. Sampik iku diakoni, ya nggawe ejaan hang wis ana.

a. ono tah ana

b. mbah tah embah

c. deso tah desa

d. dino tah dina

e. ditukokno tah ditukokaken

f. demen tah dhemen

 

1 komentar:

  1. (Naskah edhit) Arip lare atim hang dirawati ambi embah adone, Mak Lela.

    Dirawati asal katane Rawat nggih Pak. Niku kan Bahasa Indonesia, digantos "dirumat/diraksa" mawon kinging Pak :)

    BalasHapus