Selasa, 07 Juni 2016

Dokumenter Vicky Banyuwangi, juwara ring In-Docs



Dina iku Kamis 27 Mei 2016, Erasmus Huis ring Kedutaan Walanda Jakarta muter Sang Penari, pelem dokumenter gawenane lare Banyuwangi Vicky Hendri. Pelem dokumenter iku salah siji teka rong proyek pelem dokumenter hang nggawa tema Dissappearing Sounds (Suwara-suwara hang lamat-lamat Ilang). Lomba lan produksine digarap ambi In-Docs, yayasan swasta hang disponsori ambi Ford Foundation.

Setemene hang milu lomba ana 20 proposal sak Indonesia, hang juwara ana lima, taping hang diproduksi mung telung judhul, hang uwis dadi loro, kelebu ane Vicky. Banyuwangi juwara!

Vicky melaku nyang Jakarta dikancani ambi kang Samsul, seniman tari asal Kemiren hang dadi lakone ring pelem dokumentere, nduduhaken gok ring Banyuwangi magih ana seniman tari hang mati urip nyendhenaken nasibe nyang seni. Kang Samsul, hang sedina-dinane dadi guru honorer ring SMKN 1 Banyuwangi, kala-kala bisa dadi jaranan buta, melibeng nunggang sepidha udut teka desa siji nyang desa liyane, milu dadi penari ring Gandrung Sewu, kadhang sampek dadi maskot klub tembung Persewangi, nganggo kostum penyu njuget-njuget pelencatan ring ngarepe penonton tembung. Lan iyane hing wedi golet rejeki mung teka seni. Ring saben dinane, Kang Samsul iki ya magih njaring wader nong banyu ring Kemiren dienggo iwak segane anake.

Kang seru apike, Vicky mbandhingaken lan nyandhingaken paran hang dilakoni Kang Samsul ambi lakon sejarah Wong Agung Wilis ring Banyuwangi. Cerita jayane raja Belambangan kaya diputer maning ring jaman saiki kelawan nyuguhaken karakter-karakter ring jugetane Kang Samsul ditepak-tepakaken ambi umbak umbul uripe Wong Agung Wilis. Paran hang wis dadi sejarah, ya magih ana gandhengane ambi kedadeyan saikine.
 
                                                 Vicky Hendri Kurniawan (nomer telu teka kiwa)
                                              ambi Kang Samsul nong diskusi pelem dokumenter
                                                         Ring Erasmus Huis Kedutaan Walanda Jakarta
 

Apuwa Vicky duwe karep nggarap cerita uripe Kang Samsul hang kelebu sing pati hebat? Apuwa hing nggarap tema “seksi” kaya dene lare hang teka Makassar nggarap “Reklamasi” pesisir Makassar hang nggawe susahe wong njaring (nelayan) hang manggon ring pesisir kana?

“Ya mula Sun seja nggarap ceritane Kang Samsul, dudu cerita-cerita gedhi liyane. Malah cerita susah uripe Kang Samsul iki hang mula kudune diangkat, kerana cerita digi iki hing ana hang mareki,” jare Vicky lare Segubang hang pelem dokumentere tau menang sak Indonesia.

Kelawan nggawe pelem ceritane penari kaya Kang Samsul, Vicky kayane arep mbukak matane uwong-uwong akeh gok majune kesenian ring Banyuwangi, durung bisa akeh mbantu jejeg uripe para seniman hang ngelakoni urip gandolan ring seni.
iwandear@gmail.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar