Kamis, 30 Oktober 2014

Sinau Nulis Cerita Cendek (2)


Sinau Nulis Cerita Cendhek Basa Using (2)

Hang disinauni: Sing Bisa Lali

Salah sijine naskah hang dikirim dienggo Lomba Nulis Cerita Cendhek Basa Using 2014

 

Ati-ati ambi logika basa:

(Naskah asli) Unine manuk-manuk mulai ngoceh ring ndhuwuran pas serngenge arep njumbul. Hing kerasa iki wis subuh. Uwong-uwong padha tangi kabeh, arep melaku nang masjid. Isun magih enak ayem ring peturon ambi ngucek-ngucek mata. Sak marine adzan, isun buru adus. Awak gemigil sing ketulungan ngerasakaken banyu hang adhem kaya es. Taping masiya gedigu, bisa nggawe seger nang awak. Marine sembahyang, isun langsung mapan maning ring peturon. Mula wis, kadhung hawa adhem wayah subuh iku, enake turu. Paran maning kadhung wis nyandhing selimut. Arep tandang gawe aras-arasen, mata rasane abot arep melek.

1.     Unine manuk-manuk mulai ngoceh ring ndhuwuran pas serngenge arep njumbul.

               Pitakonan: Hang ngoceh iku manuk tah unine?

              Enake bisa: Unine manuk-manuk seru ramene....

Utawa: Manuk-manuk mulai ngoceh...

              Utawa: Manuk ngoceh unine seru ramene...

2.     Ring ndhuwuran, ndhuwuran paran? Mestine uwit-uwitan ya? Utawa ning ndhuwur umah?

3.     Sing ketulungan: nong kamus hing ana ucap: ketulungan. Mula kudu ati-ati, ambi ujar basa liyan.

(Naskah edhit) Unine manuk-manuk ngoceh ring uwit-uwitan ndhuwur pas serngenge arep njumbul seru ramene. Hing kerasa iki wis subuh. Uwong-uwong padha tangi kabeh, arep melaku nang masjid. Isun magih enak ayem ring peturon ambi ngucek-ngucek mata. Sak marine adzan, isun buru adus. Awak gemigil  ngerasakaken banyu hang adhem kaya es, masiya gedigu, bisa nggawe seger nang awak. Marine sembahyang, isun langsung mapan maning ring peturon. Mula wis, kadhung hawa adhem wayah subuh iku, enake mung dienggo turu. Paran maning kadhung wis nyandhing selimut. Arep tandang gawe aras-arasen, mata rasane abot arep melek.


Ati-ati pisan ambi ucap-ucap basa liyan utawa ucap kang wis ana padhanane ring Basa Using:

1.       Mic wis ngadheg jejeg, terus hun pites tombole. Mic ring Basa Using ditulis mik. Tombol hang dimaksud kenop. Kadhung tombol iku nang Basa Using aran nangka enom.

2.        Komputer wis murup. Hing ana ujar murup nong Basa Using (iki Basa Jawa). Hang ana urip.

3.       Tangan ambi utek-utek komputer. Utek=otak. Nawi hang dikarepaken, nguthek-uthek. Ring Basa Using, aksara hang dienggo yaiku:

Vokal: a, e, i, o, u

Konsonan: b, c, d, dh, g, h, j, k, l, m, n, ng, ny, p, r, s, t, th, w, y

(Buku Lancar Basa Using kanggo kelas 4)

Dadi utek beda ambi uthek

4.       Ngengkel (iki Basa Jawa): hang ana mempeng.

5.       Bumbu, hang apikan lan kerasa Usinge, ragi.

6.       Ngelamun: mata walangen

7.       Mas Yoga: Mestine Kang Yoga. Taping mula ana lare-lare Using hang nyeluk nyang uwong Jawa, Mas. Kudune dijelasaken Mas Yoga iku sapa, apuwa diceluk Mas dudu Kang.

8.       Makene diweruhi uwong akeh. Lebih enak nganggo ujar moncer.

9.       Sebelah/samping: (iki Basa Jawa lan Basa Indonesia). Hang ana sandhing.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar