Dienggo lare-lare SD, ana ujar-ujar hang rada sara, dadi hun wani catetan ring ngingsor saben-saben halamane.
PR Bahasa Indonesia hang paling abot
Nawi melaku setengah melayu metu teka umahe. Ring tangane uwis ana sak jumput beras. Beras jumputan uwis dadi kuwajiban lalare hang arep menyang Markas Ketelon. Beras iki hang engko dikelumpukaken. Kadhung uwis sekilo, arep ”diedol” nyang salah siji uwong tuweke hang mbutuhaken.
Sakliyane Nawi, hang apake megawe ring kantoran lan emake dodol sego rawon lan pecelan, lalare Markas hing tau diuwani sangu sekolah. Emake Ahim lan emake Osok paceke nggawani rantang bontot dienggo sangu sekolah. Dadi jak loron hing bisa nyejekaken[1] picis sangune.
Emeh gadug Markas Ketelon, Nawi uwis ndeleng Osok lungguh ring ngarep Markas. Endhase temungkul ring antarane dhengkule. Tangane meluk sikile.
Osok hang pawakan awake mula cilik, tambah katon cilil. Tambah parek Nawi nyang Markas, iyane tambah weruh gok kancane iku mbrebes mili.
Hing kaya biyasahe, ambekana anake uwong hing duwe, Osok hing tau nangis. Paran maning nangisi melarate.
Edheng-edheng Nawi lungguh njejeri. Tangane ngerangkul nyang pundhake kancane. Cangkeme cep hing ngomong paran-paran, makene kancane nerusaken tangise. Ngetokaken kabeh masalahe.
Hing patiya suwi Ahim njumbul. Nawi ngewani isyarat, makene kancane hing nggudha Osok.
Pungkasane jak telon lungguh ring ambal-ambalan Markas. Sikil gemantung. Rada suwi hing ana hang ngetokaken suwara. Cumpleng[2], mung ana silire angin. Pungkasane, Osok hang ngawiti omongan ambi nyeka iluhe. Matane tambah katon jelekong.
”Byek, isun duwe masalah gedhi.”
”Masalah paran? Durung mbayar sekolah tah?” pitakone Nawi.
Osok gedheg.
”Digudha kanca sekolah tah?” jare Ahim milu takon.
Osok gedheg maning.
”Isun ana PR Bahasa Indonesia,” gedigu jare Osok, serta cangkeme mangap.
Hing kerasa, Nawi ambi Ahim, ngakak seketane[3].
“Hahaha.”
Osok nyontok pokange kancane.
”Rungokaken sulung tah. Iki PR hang abot. Seru abot temenan,” jare Osok.
Osok larene patheng lan seregep, mulane padhang pikire[4]. Iyane paling gancang kadhung marekaken tugas sekolah. Malah Nawi lan Ahim hang paceke takon nyang iyane kadhung ana pelajaran hang rada sara ring sekolah. Dadi, ya rada hing mupakat kadhung alasane mung PR iku mau.
Saben pelajaran mengarang, Osok paceke ulih biji hang paling apik. Iyane seru pintere ngetap ujar-ujar dadi ukara hang endah.
”Judhule: Pekerjaan Ayahku.”
Kancane keloron mara-mara celakep. Kabeh bisa ngerasakaken abot sanggane kancane. Kabeh anggota Markas kudu bisa nggendhong indit[5] ambi kancane.
Apake Osok, Man Imik, mung tukang sampah. Paran hang arep diceritakaken bab tukang njuwut dheket? Klambine hang kemproh? Awake hang mambu? Tah tangane hang kapalen? Gerobage bain ibarate uwis kaya lebuh[6] hang kudu dialesi. Uwong-uwong paceke nekepi bacot kadhung tepak diliwati. Paran hang kudu diceritakaken Osok? Hing ana sithik-sithika blas hang bisa nggawe atine mongkog.
”Sok, Sira tau milu apakira njuwut dheket tah?” takone Nawi.
“Durung tau. Masiya sepisana sing tau,” jawab Osok. “Saktemene isun ya kepingin, taping hing tau ulih ambi apak.”
“Makene Apak bain hang njuwuti dheket. Sira sinaua bain hang patheng. Lan aja sampik anakisun dadi tukang njuwut dheket pisan. Sira kudu dadi uwong hang pinter,” gedigu Osok nerokaken semaure bapake.
Mara-mara Nawi ngajak,”Kesuk kan prei. Ayo kabeh milu ngersaya nulungi Man Imik, ambi ndeleng, saktemene paran penggaweane Man Imik iku. Aja lali idin sulung nyang emak ya.”
Marek iku kabeh bubar, mulih nyang umahe dhewek-dhewek.
Kisuke meruput[7], lare telu uwis milu Man Imik. Gentenan ulihe njuwut dheket hang diwadhahi temba ring umahe uwong-uwong, diuncalaken nyang gerobag.
Ambune dheket aja takon. Taping sing pati suwi, ambune uwis rada ilang kerana uwis biyasah.
Kala-kala, ana tangga-tangga hang mesam-mesem ndeleng tingkahe lalare jak telon iku. Ambi gendhingan, lare telu iku njuwuti dheket.
Ana salah sijine warga, Bik Lehak, hang ngewani ngombe. Liyane ana pisan hang ngelungaken gedhang.
“Wah...Man Imik uwis duwe asisten saiki? Kesuwun ya lare-lare,” jare Bik Lehak. “Kadhung sing ana Man Imik, isun paceke ngelu, dhekete hing ana hang njuwut.”
Tangga liyane, Bik Asiyah, ninggali pesen: “Man Imik, aja lali ya, dina Minggu ngerijigi suket nang latar.”
”Nggih,” sahute Man Imik.
Emeh jam sanga, uwong papat uwis gadug ring lebuh, panggonan buwang dheket.
Man Imik ngampeti dheket pelastik lan ngelumpukaken ring karung.
”Agih, tulungana njuwut romot pawon iki, lebokaken nyang karung hang iki,” Man Imik ngongkon lare ketelon.
Sedhilutan bain, uwis marek, kerana dilakoni bareng.
Katone Man Imik ngamet dheket bahan pelastik lan terus diedol. Lan romot pawon, sisa tugelan janganan, dikelumpukaken dienggo kompos[8], hang arep diedol pisan.
”Nyak...kek iki dienggo Sira ketelon,” jare Man Imik, ngelungaken picis kenthing. “Kesuk, hing kathik nulungi maning ya. Makene Man bain hang njuwut.”
Lare ketelon padha girang, mulih. Utamane Osok. Iyane saiki uwis weruh bapake duwe tugas hang penting. “Bapakisun dudu mung tukang njuwut romot,” batine.
Uwong-uwong padha bingung kadhung bapake prei megawe. Kadhung bapake kadheman lan hing ana uwong hang njuwut romot seminggu, dheket numpuk sak arat-arat.
Bapak ya ulih upah, lan ulih picis pisan teka ulihe ngadol romot pelastik. Picis halal. Paran maning, bisa ngurangi polusi lingkungan. Bapak ulih pisan picis tambahan teka ngadol kompos nyang tangga-tangga. Ulih persenan teka ngerijigi suket lan ndandani taman-taman tanggane.
Ring batine Osok, uwis ana judhul karangan dienggo PR Bahasa Indonesia hang paling abot.
”Ayahku pahlawan lingkungan.”
Bapakisun hing mung tukang romot. Malah bapak dudu tukang romot. Tukang romot mung bisane buwang dheket. Bapakisun hang tukang njuwuti dheket. Bapakisun nyelametaken lingkungan. Lan kerana tangane bapakisun, akeh uwit-uwitan tangga hang dadi subur kerana diwani emes[9] sehat. Dudu emes kimia gawenan pabrik.
Osok ya kudu kesuwun pisan nyang kancane keloron hang uwis nulungi iyane nemokaken jawabe.
Jak telon mandheg ngombe dhawet ring rombonge Man Misran, ring ngingsor uwit Nyamplung gedhi ring parek lurung, mbayar ambi picis hang diwani Man Imik.
”Aja lali wisuh sulung,” Nawi ngengetaken kancane.
Jak telon seru girange bisa tuku dhawet mbayar dhewek ring dina hang panas.
Man Misran, malah ngimbuhi dawete setengah gelas maning. Nawi iyane milu ngerasakaken pisan girange lalare jak telon iku.
“Kesuwun nggih Man Misran,” jare Ahim. “Weruh digu, mau tukune setengah bain, imbuhe sak gelas,” nggawe kancane milu gemuyu.
“Dina iki mbayar, kesuk gratis,” jare Man Misran.
“Saestu tah Man,” jare Ahim rada hing percaya.
“Iya, kesuk ya digu maning. Dina iki mbayar, kisuke gratis,” saute Man Misran ambi munyik nggeridho lare-lare.
“Hahaha...hun tanggo temenanan. Kisuk uwis emeh arep mampir merene maning,” jare Ahim. Kancane mung bisa mesem.
[1] nyejekaken: memisahkan; menyisihkan
[2] cumpleng: sepi; lengang; sunyi
[3] seketane: sekuat-kuatnya
[5] gendhong indit: saling menunjang; saling menanggung
[6] lebuh: tempat membuang kotoran atau sampah
[7] meruput: pagi sekali
[8] kompos: pupuk campuran yang terdiri dari bahan organik seperti daun dan jerami yang membusuk dan kotoran hewan
[9] emes: pupuk
Tidak ada komentar:
Posting Komentar