Rabu, 13 Agustus 2014

Kapan ana kamus Indonesia-Using?


Temenan tah Basa Using wis kelebu salah siji basa? Tah iki mung dialek Basa Jawa? Pitakonan gedigi iki magih muter ring antarane diskusi-diskusi formal ugo informal. Teka ring antarane mahasiswa lan dosen ring Jurusan Basa Jawa Universitas Negeri Surabaya, ugo ring Fakultas Sastra Universitas Jember sampik ring grup-grup gesah ring media sosial facebook.  
Isun ya rada kepileng rungu Kang Samsudin Adlawi Ketua Umum Dewan Kesenian Blambangan awal Agutus sore hang ngucap kadhung pemerintah daerah Jawa Timur mung ngakoni basa ring Jawa Timur iku ya mung loro: Basa Jawa ambi Basa Medura. Basa Using kelebu dialek Basa Jawa.
Setemene sak mareke metu tesise dosen Universitas Udayana ruwahe Prof. Suparman Herusantosa, ring Universitas Indonesia, hang duweni judul: Bahasa Using di Kabupaten Banyuwangi tanggal 18 April 1987, kudune wis mungkasi kabeh. Kudune kari nguwataken jejege Basa Using ring telatahe dhewek.

Ruwahe Pak Hasan Ali, salah siji budayawan hang ngadheg paling ngarep ndadekaken Basa Using dadi Muatan Lokal ring sekolah, wis ngawiti nerbitaken kamus Using-Indonesia. Uga Tata Bahasa Basa Using lan cara penulisane pisan.
Masiya tah wis, cara nulise iki sampik saiki magih ana hang sing setuju. Tuladhane, apuwa o ditulis a, padha kaya ring Basa Jawa bain. Malah, ana pisan kang sing setuju ring penyebutan ucap Using. Dadi hing ana arane uwong Using, utawa Basa Using. Dhung bisa Using dadiya Banyuwangen tah Blambangan. Kerana penemune uwong-uwong iku, Using iku ujar sebutan uwong liyan utamane bangsa Landa jaman penjajahan bengen, hang ngelek-elek, ujar hang ngenyek nyang uwong Blambangan.

Wis kesuwur mulai jaman Landa bengen, uwong Blambangan hing gelem dadi antek penjajah. Saben dikongkon, saben ditawani megawe, jawabe “Sing”.
Taping penemunisun, paran hang wis diakoni saiki, ya iku hang dijaga, dirumat, digedhekaken. Paran anane, diuri-uri. Wis dadi adate, basa iku sing mung dienggo alat omong-omongan. Basa bisa dadi alat komunikasi ring akeh media. Bisa dadi basa pengantar ring sekolah, pelajaran agama, dadi basa ilmiah, basa ring sekolahan, basa ring sastra, basa ring majalah, koran, radio, tipi, lan ring media liyane.

Kadhung wis dadi sewijine basa hang wutuh, kudune Basa Using ya bisa ngalihbasaaken teka basa liyan paran bain hang ana hubungane ambi menungsa.
Nyatane, akeh uwong hang kelayu sinau basa Using, rada kesandhung-sandhung, gerayang-gerayang kaya uwong melaku ring peteng-petengan. Uwong turune suku liya hang manggon ring kabupaten  Banyuwangi, wong jaban sarjana-sarjana ring universitas hang duweni studi bab Banyuwangi, ya karepe bisa pisan ngomong lan nulis Basa Using. Aja maning uwong jaba, lare-lare Banyuwangi kang sing patiya serawung ambi Basa Using, hing bisa ngecepres, nggoleti paran ucap-ucap kang yane weruh basa Indonesiane, taping sing weruh Basa Usinge.

Acake, paran Basa Usinge: selamat pagi; sebagai remaja berprestasi; alat komunikasi; hotline; kepala rumah tangga; kesempatan; halaman buku; mencabut status tanggap darurat.
Mula, kudu diakoni Basa Using tulis, rada kasep anggone merujuk. Kalinganiya, seprene bisa diitung deriji tangan tengen akehe buku-buku hang nganggo Basa Using. Mung ana siji tah loro novel, siji kumpulan cerita cendhek, siji kumpulan artikel, loro leksikon kumpulan ujar, kira-kira lima buku undharasa.

Liyane maning endi? Pitakonan iki kanggone awak dhewek kabeh. Awak dhewek hang bisa nambahi akehe buku-buku iku mau.
Makene merujuke tambah gelis, ngadhege tambah jejeg, uwong-uwong hang penter basa Indonesia bisa gampang sinau, kudune gancang ditulis kamus Indonesia-Using, jodho selisihe kamus Using-Indonesia hang wis ana.

Kadhung wis ana kamus Indonesia-Using iki, Basa Using arep diakoni dadi salah sijine basa tah? Hing kathik nganteni ndaru. Pokoke awak-awak dhewek wis padha ngersaya nguri-uri basa iki, muga-muga uwong liya ya ngerasakaken usahane.
Paran sih gunane Basa Using? Basa iku tengere kebudayaan. Kadhung basa iki ilang, gandrung hing ana maning, kerana gending-gending gandrung iku Basa Using. Hing ana Seblang. Uwong Using kari nganteni itungan dina, mung ana ring catetan sejarah.

iwandear@gmail.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar