Saktemené ono pitakon hang rodo nggalo ati: kiro-kiro
ndileng kahanan sak iki, pirang tahun maning Boso Osing biso magih tetep ono?
Atinisun kari rodo kemesud, tepak hun takokaken nung salah sijiné wong Banyuwangi hang saiki
manggon ring Jakarta .
“Paling kari 10 tahun nawi yo,” gedigu jawabé.
“Yo dilengen bain,
lalaré cilik nung Banyuwangi saiki akèh-akèhé ngomong boso Jowo Kulon, Boso Indonesia ,
malah Boso Inggris.”
Mulo kadhung gedigu
dadine Boso Osing tambah manggon selingku ring bucu. Ibaraté koyo damar
telempik hang buru diurupaken sumbuné, lengogasé diebeki, naming wis keterak angin. Saiki
uripé dadi kiyep.
Paran maning Boso Osing, melebu itungan “Basa Daerah cilik”, yaiku boso hang dienggo ambi
wong-wong hang akèhé kurang teko sak yuto. Yo mulo gogrog dipites teka njobo lan njero. Boso cilik iku “prestasiné endhèp, hing duwé tradisi sastra, hing
duwe kodifikasi, lan wongé bisané nganggo mung kerono dienggo ring lingkungan
keluarga lan masyarakat ring kahanan kang hing formal.”
Aja ngomong sak
durungé Boso Osing diakoni dadi salah sijiné boso, tahun 1990-an, sak wise
didadekaken pelajaran ring sekolah tahun 1997/98 bain hing pati ono tulisan
sastra, terjemahan novel liyan ring boso Osing, ojo maning ngomongaken boso ilmiah.
Kamus
Using-Indonesia ditokaken tahun 2002. Terus mandheg. Hang aran buku, mung ono pelajaran laré sekolah, hing sampik limang judul buku dongeng, unèn-unèn, lan
cerita laré cilik liyané, lan kembang roncé undhoroso. Wis. Mung semono. Hing ono cerita cendhek nung koran-koran,
hing ono novel (sampik tahun 2013), hing ditemoni karya sastra liyané.
Durung maning, wong-wong tuwèk hang didadèkaken
narasumber, umuré wis roto-roto nduwuré 75. Ibaraté rak bukuné wong Using wis mèh
memed dipangan rayap. Malah hing cumo dipangan rayap, malah kobong, barak geniné
milu ngobong ilmu Osing hang diduwèni wong-wong tuwèk iku, lan saiki meh dadi
awu hang engko semembur diterak angin.
Mula Boso Osing iku melarat tradisi tulisé.
Lomba-lomba hang akèh dianakaken malah hang nambahi Boso Osing kanggoné ”budaya
lisan”, duduk tulis. Koyoto lomba ndongeng, lomba celathu. Paling wanter mung ono Lomba nulis undhoroso (puisi), iku pisan asilé hing dikelumpukaken.
Ono lembaga hang duwé perhatian ring budoyo osing, nggawé penerbitan berkala, Bahasa Indonesia. Masiyo tah wis
sithik-sithik ngangkat undhoroso boso Osing.
Saktemené, kadhung ono hang nyemprong geniné,
biso barak murupé. Pengalaman penulis nggawé lomba nggurit cerita cendhek boso Osing, ono lebih 50 naskah teko 47 penulis. Masiyo tah wis bosoné, akèh hang
kelibet boso Jowo.
Sekolahan hang sak kuduné dadi sengker
pungkasan dinggo boso Osing, saiki malah keneng seren ambi aturan pemerintah. Aturan
anyar iku cekak muniné, guru bidang studi, kudu ngajar mata pelajaran hang
cocog ambi bidang keahliané. Yo hing ono siji-sijio sarjana Boso Osing. Dadi
ring SMP utamané, hing ono hang gelem maning guru-guru hang ngajar Boso Osing,
polaé hing diakoni lan buntuté yo hing dibayar.
Ruwahé Hasan Ali, penulis kamus
Using-Indonesia hang ugo nyusun standar penulisan Boso Osing, ngewekasi boso Osing
kudu biso merujuk, kadhung kepingin diakoni dadi sewijiné boso. Kudu biso dadi
media penyampaian ilmiah, sastra lan liyo liyané. Kudu ono médiané.
Hasnan Singodimayan, hang dadi guru, wong
tuwèk, panggon pitakonan soal budoyo Osing, wis nulis novel lebih 10 judul, kabèh
nganggo bahasa Indonesia. Yané
dhèwèk ngakoni hing sanggup kadhung nulis novel boso Using.
Kadhung mesin wektuné diputer maning, Boso Osing saktemené lawas hing tau ono cathetan dadi boso tulis. Penelitian
Profesor Suparman Herusantoso (Disertasi UI “Bahasa Using di Banyuwangi” tahun
1987) nerangaken ono peneliti bongso Londo, tahun 1881, Herman van der Tuuk
nyathet Dialek Banyuwangi.
Magih njuwut teko disertasine Prof Parman,
Thomas Pigeaud hang nulis kamus Jowo-Landa, wis tahu nyathet ucap Dialek
Blambangan, tapi yane yo nyebut Boso Osing tahun 1932. Masiyo tah wis magih
dientahaken maning ring dina mburi-mburiné ambi ahli boso Poerwadarminta, hang
nulis Boso Osing iku “Basa Jawa dialek Banyuwangi.”
Lan ono kasebut “Aliran Sastra Blambangan”
yaiku anané naskah Sritanjung lan Sang Satyawan ring abad 12, liyané iku hing
pati akèh tulisan-tulisan hang biso diaku duwèné wong Blambangan.
Dadi ya sing ngagetaken seru, Boso Osing iki
ngadhepi kahanan kang koyo gedigi.
Ahli boso Mario Pei
(hang dikutip ring disertasi iku pisan) wis
tahu ngucap: “Once a unified language has
been established, dialects tend to sink lower and lower in the social scale.”
(Kadhung wis
ditamtokaken ononé basa “persatuan”, dialek-dialek liyané tambah suwi tambah
temungkul mengingsor ring ambal-ambalan masyarakaté.”)
Lan wis
pastiné ”Boso Daerah cilik” iku mau, disesep ambi boso hang lebih gedhé.
Taping yo ojo endak sulung
ngelungaken bendero putih. Kadhung wong Using magih kepingin ngaku dadi wong
Using hang gelem nguri-uri bosoné. Kerono hang ditengeri teko wong Osing iku ya
bosoné.
(iwandear@gmail.com)
Mberjak jenggirat Basa Using isun,..ngelilira...kaya...sun gendhingi,,:
BalasHapusLilira kantun,,sak kantune lilira yuga
ya sapapnen dayoh rika.....
Mbok Sungruba wilu tama....
Jenggirat tangia, ngadeg jejeg kaya wit kelapa, dadi manfaat teka ring oyot sampik pupuse, aja mung kaya merujuke suket ring tegalan kang sakwetara kudu dirijigi.
BalasHapusBasa mung dadi kelebate angin kadhung kang duwe basa sing gelem ngersaya gawe lakon, sing gelem tandang golet jawab teka pitakon.
Jenggirata, duduhena anane rika kabeh kang rumangsa milu duwe basa.