Festival Paran Hang Kurang
ring Harjaba?
Sak marèké iwuh
Harjaba sore, prasanisun magih ono perayaan hang kelalèn durung mlebu ring
daptar acara hang dawané pirang-pirang ulan mulai September sampik Desember.
Paran yuh? Banyuwangi Ethno Carnival hang
niru-niru Jember Fashion Carnaval wis, Festival Kuwung hang nduduhaken
kesugihan budoyo Blambangan wis, hang modern fusion Festival Jazz Pantai wis, hang
pamèr èndahé alam Blambangan teko elor Galekan sampik ngidul ring Kalibaru,
teko wetan Taman Blambangan sampai munggah Gunung Ijen Lomba balap sepeda Tour
de Ijen wis, hang nduduhaken agul-agulé Banyuwangi Paju Gandrung Sewu yo uwis pisan.
Tapi
koyoné magih ono hang ganjel durung kelaksan. Paran hang lalaré cilik
Banyuwangi sing ketinggalan menganan, lan digowo dadi sampik nyang tuwèké? Ya
bener, layangan. Layangan wis mulo dadi salah siji menganan hang hing patiyo ndileng umur,
teka cilik sampik daplok demen menganan iki. Emak bengen paceké nyacat anaké
hang layangan hing enget wektu, bedhug-bedhug panas kenthang-kenthang, dibelan-belani
bèndhètan, taker matané abang gorokané asat, bangsat.
Seru enaké, lali sak kabèhané. Kadhung pas
hing duwé layangan, hing duwé picis dienggo tuku layangan, kari nggowo ganjur
hang pucuké diendohi sangkrah carang wit-witan. Nguber-nguber layangan pedhot
ring gang-gang, matané hing dileng ngarepan, hang ono ring matané mung layangan
pedhot kampul-kampul ring awang-awang.
Banyuwangi mulo duwé istilah-istilah dhèwèk
bab layangan iki. Ono nggelas bolak, bolak cap gajah, bolak cap kudaterbang,
kelusuran, kedhetan, tarikan, nyarapi istilah hang nduduhaken layangan siji manas-manasi
musuhé njaluk bèndhètan, campleng.
Durung maning ono aran-aran gambar ring
kertasé layangan mau: kop-kopan, sawi-sawian, palang, cunduk, penthol (bendéra
Jepang) lan liyo liyane.
Sak entèké usum layangan aduan, biasaé
langsung njumbul usum layangan hias. Awang-awang katon koyo kanvas lukisan werna-werni
koyo keluwung hang njumbul marèké udan.
Ono ulo-uloan, iwak-iwakan, payung-payungan, tong-tongan, kemantènan, suwangan. Bengèn ono ruwahé Kang Dek, wong Lateng hang pènter seru
nggawé layangan hias, rupo Gatotkoco nganggo selendang, sepida montor, kapal
terbang. Pokoké sasaté paran bain hang katon, biso diulukaken ring awang-awang.
Naah, kesenengan cilik sampik gedhé iki, yo biso dadi festival hang bisa nekaken wong liyan marani Banyuwangi. Lan
sekaliyan nduduhaken kesugihan hang diduwèni Banyuwangi bab layangan.
Istilah boso liyané:
We are from Blambangan, we play Layangan.
Digu nawi.
Festival digi iki
yo biso dianakaken tingkat internasional. Pirang taun kepungkur, ring Pantai
Pangandaran Jawa Barat, tau dianakaken festival layangan, peserta hang milu
biso sampik 40 hang teko luar negeri: Australia, Austria, Amerika
Serikat,Brunei Darussalam, Jepang, Inggris, Malaysia, New Zealand. Durung hang teko Bali, Bandung lan
Jakarta.
Hang jelas, Festival Layangan, biso nggawé
girangé atin warga Banyuwangi kelawan kesenengan hang wis ono mulai cilik bengèn.
Lan hang sampik saiki magih dilakoni.
Koyoné,
dhung itungan picis magih lebih murah timbang festival liyané, lan kadhung
dianakaken ring Taman Blambangan tah ring pesisir, biso nggawé girangé wargané,
hing patiyo ekslusif hang terus mbatesi kalangan hang teko.
Ayo roh wih, Festival Layangan Banyuwangi
ring Harjaba taun iki. Setuju?
Macem-macem layangan hias Banyuwangi (dijuwut teko buku Nawi BKL Inah) |
iwandear@gmail.com