Jumat, 01 Mei 2015

Catetan ring Lomba Nganggit Cerita Cendhek Basa Using 2015

Isun girang temenan, ring edhisi nomer telu Lomba Mengarang Cerpen Berbahasa Using 2015, wis melebu proses ngewani biji. Proses sedurunge yaiku Lombane, wis ditutup nubengi 30 April 2015 jam 12 bengi.

Isun, makili panitiya, ngelungaken terima hang gedhi nyang kabeh uwong hang uwis ngirimaken karyane. Ana hang ngirim siji ana hang loro, ana uga hang telung judul. Hang nggawe girange ati, jumlah hang milu, nambah timbang hang taun soren.

Tingkat SD, padha ambi hang taun soren, loro pisan. Syarat hang digawe panitia, saben kategori paling sithik pesertane ana limang karya. Dadi, kerana mung loro, tingkat SD iki dipilokaken nyang SMP.

Tingkat SMP, hang taun soren mung lima, saiki ana 11. Lan hang nggawe dhemen maning, SMP teka Rogojampi lan Purwoharjo hang akeh karyane. Masiya tah wis, panggonan-panggonan hang akeh uwong Usinge, kayata Banyuwangi, Cluring, Gintangan, Glagah, Licin, Kabat hing patiya ana abane.

Tingkat SMA, hang taun soren kurang teka lima, sampek diwurungaken lombane, lan pungkasane dipilokaken nyang tingkat Umum, saiki ana 10 naskah, lan apik-apik kabeh. Kadhung hun dileng sak klerepan, wis nduweni rasa cerpen hang enak diwaca.

Tingkat UMUM, ya semono uga, ana 28 peserta, munggah timbang taun sedurunge hang 26 jumlahe.

Lan wis kaya lomba sedurunge, para juri iki hing weruh judul iki penulise sapa. Dadi pas ngewani biji, bener-bener temenanan.

Hang dibiji ring Lomba iki: 1. Struktur cerpene (penokohan, alur cerita lll) 2. Basa Using (kelendi ejaane, ungkapane lll) 3. Inti ceritane duweni pelajaran hang apik tah sing (moral of the story)

Marek diwani biji, juri namtoaken, limang karya hang duweni biji paling dhuwur. Marek digu juri, rapat maning namtoaken, sapa hang paling apik nomer 1,2,3. Kerana iki sastra lan hubungane ambi rasa, ambi ati, hing ana hang arane pemenang. Hang dipilih hang paling apik. Istilahe, masiya karyane elek kabeh, ya dipilih hang paling apik hang endi. Lan hang milih iku ya menungsa pisan, dadi ana hang lebih dhemen tulisane hang kaya gedigi, kaya gedigu ya maklume wis. Taping juri ya wis nduweni karep, endi hang paling apik iku hang didadekaken juwara. Kurang lupute, terimonen bain, hing ana surat-suratan, gugat-gugatan.

Hang sing dadi juwara aja ngersula sulung. Saben peserta engko ya ulih piagam. Lan kadhung karyane apik, muga-muga bisa melebu nyang buku: Kembang Ronce Cerita Cendhek Basa Using 2015, hang Insyaalloh diterbitaken ulan November tah Desember.

Antenana asile, lan tekanana acara pengumuman pemenange tanggal 9 Mei 2015 jam 08.00 isuk ring Pelinggihan Dinas Kebudayaan dan Pariwisata, Jalan A. Yani 78 Banyuwangi. Tepak acara iku, ana pisan Peluncuran Kumpulan Cerita Cendhek Basa Using, hang dianggit Moh. Syaiful lan Nur Holipah: Jala Sutra.

Hang sing bisa teka ring acara mauka, bisa dileng pengumumane ana ring grup Facebook: Cerpen Osing.

Kadhung, kedadiyan akehe peserta saben tahun nambah terus, basa Using tambah dadi sagah, tambah gagah, tambah urip, tambah moncer. Kadhung hing awak-awak hang nguri-uri basa Using, sapa maning, yara? Ayo wayahe manjer kiling basa Using. (iwandear@gmail.com)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar