Senin, 22 Desember 2014

Andang CY lan Markas Ketelon

Iki pengantare Pak Andang CY, penggubah lagu Banyuwangi, bab kumpulan cerita Markas Ketelon:


IMPENAN DADI KASUNYATAN
 
 
     Dhonge maca buku “Markas Ketelon” (Antariksawan Jusuf) iki, awak lan atinisun kaya diuncalaken nyang jaman alam kelarean nalikane magih dadi nggelidhig-nggelidhige lare kala semana. Sampik-sampik merga sangking kegawa rasa bangkel tapi asih, emak kewetu nguwel nyeplosaken ucap hang rada-rada kasar yaiku nganggo unen-unene wong Using;
“Nuruti rondhe.. ya sing dadi rombong”
Kadhung diterusaken, karepe iku:
“Nuruti lare.. sing bisa dadi uwong”
     Pancen mula bener gok pikiran, angen-angen, impen lan kekarepan, tingkah polah lan pokale lare kaya hang diceritakaken ring buku iki, keseron-seron ulihe mangan atine lan pikirane wong tuweke, kaya dene;
-       Ana hang memengan ngemu belahi lan malangateni.
-       Ana hang sikape ngethak-ngethak mangan ati kurang ngajeni nong wong tuweke.
-       Ana hang penjaluke mbutuhaken bandha sing sithik, sampek belanja pawon milu katut mosak-masik.
Lan akeh maning macem-macem tingkah polahe.
     Taping masiya gedigu, ya sing keneng digebyah uyah padha asine, aja kabeh-kabeh dianggep lelakon hang negatip akibate. Merga ring bagian sisi liyane, magih akeh segi positip hang gedhi manfaate, kayata;
-       Ulihe padha rukunan, gotong royong nggawe umah ring ndhuwure wit-witan. Iku nduduhaken kuwate sipat guyup manunggal urip bebrayan.
-       Sipat gemi lan utun dibuktekaken ambi kelendi ubege ngumpulaken beras jumpitan hang dienggo mbandhani tuku memengane.
-       Sportipitas lan solideritas nalikane bareng-bareng memengan utawa kalane salah siji kanca nandang ketiban apes/susah
-       Sipat-sipat bersaing hang kuat nalika padha galapan nggiring ban lan lomba-lomba liyane.
-       Hang seweneh tingkah-polah memengane lare-lare iku bisa katon ewer, mbenu, ngelik-ngelik nggawe guyu sampik nyekikik, iku keneng dienggo penglipure ati.
     Watak wantu ring dhuwur iku, minangka cikal-bakal kanggo urip hang sejatine ring tembe mburi. Ya musthi bain ya mbutuhaken seru tuntunan wong tuweke lan bimbingan serta latihan-latihan teka para guru-gurune.
     Mulane, miturut ring penemunisun, buku “MARKAS KETELON” iku perlu (kudu) diwaca tumrap kanggo lare-lare utamane kang sak pantaran ambi tokoh-tokoh (lakon) hang diceritakaken. Merga keneng dienggo kaweruh kelendi kudune apike/benere memenganan lan tingkah-polah hang bisa ana manpaate, keneng dienggo sangu tuwek.
     Tumrap wong hang wis dewasa, para bapak lan emake lare-lare, buku “Markas Ketelon” iki uga perlu kanggo wacanan “bernostalgia ria”, ngeling-iling jaman alam kelarean, ngetung-etung pira hasil kemajuan hang keneng digayuh sakat lare sampik seprene. Hasil lan suksese kenenga kanggo urun-urun ngupayakaken tanggung jawabe ndadekaken “rondhe dadi rombong, lare bisa dadi uwong” hang asil sukses uripe lahir lan batin.
     Kaya ujare wong pinter ika;
“Impenan bisa dadi kasunyatan. Sukses hang gedhe iku dijalari teka asil hang cilik lan malah kadhang disepelekaken”
     Kejaba teka iku, kadhung ngomongaken bab kekurangan lan kekeliruan, buku “Markas Ketelon” iki ya musthi bain sing luput teka kekurangan lan kekeliruan, utamane ngenengi ring bab-bab:
-       Salah cetak lan salah ejaan basa usinge hang sing padha ambi ejaan basa using hang wis dibakukaken (Bp. Hasan Ali) kang wis anjrah dienggo ring muatan lokal basa Using (MULOK).
-       Ucap lan ujaran akeh hang diserap teka ring basa liya (Indonesia lan basa dhaerah liyane)
-       Dialek/logat magih akeh hang bisa kita temokaken hang akeh dipengaruhi dialek lan “gaya bahasa” dudu gaya using (Bhs. Indonesia lll.)
     Taping kita bisa maklumi kadhung kekurangan lan keluputan iku berangkat teka ring tekad lan niyate penganggite hang ngupaya temenanan ndadekaken basa Using bisaa dadi basa hang sing statis/stagnan, bisaa dadi basa hang mekar semebar kaya basa-basa dhaerah liya hang wis maju.
     Akhirul kalam, ayo bareng-bareng kita sambut kelawan ati hang seneng, bungah lan sumringah, ambi ngucap syukur Alhamdulillah. Sebab angger ana muncule penerbitan buku, utamane hang nganggo basa Using, wis pasthi nduweni arti hang istimewa. Merga dudu perkara hang anjrah, ya uga sing saban sembarang waktu bisa kedadian.
     Muga-muga tekad lan niyat penganggite, ulihe nguri-nguri lan ngembangaken basa Using lewat buku “MARKAS KETELON” iki kelaksan nggadug ring ketege jantunge wong-wong hang padha kesengsem maca lan nyurasa ceritane, Amin.
Selaman, Selumun-Selamet.
 
Banyuwangi, 10 September 2014
Andang CY.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar